Jumat, 25 Februari 2011

KARYA BAHASA JAWA DALAM BENTUK MC

Floriberta Novia D.S
12/9B

PAMBUKA

Ingkang kula hormati :
Bapak Paryadi S.Pd minangka Kepala Sekolah SMP BOPKRI 3
Bapak Lurah, Kelurahan Terban
Komite Sekolah
Bapak Ibu guru lan karyawan
Bapak Ibu wali murid
Lan kanca-kanca ingkang kula tresnani

Sugeng siang lan salam sejahtera kangge kita sedaya. Saderengipun acara dipunwiwiti langkung rumiyin mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur ngarsanipun Gusti ingkang sampun maringi kanikmatan lan kawilujengan sak engga kita sedaya saged makempal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken acara Perpisahan Siswa Kelas IX SMP BOPKRI 3 Ngayogyakarta Taun 2010/2011.
Langkung rumiyin badhe kula aturaken urut-urutaning acara inggih menika :
1. Pambuka kalajengaken pandonga
2. Atur pangandikan  Bapak Kepala Sekolah
 Bapak Lurah
 Wali murid
 Siswa kelas IX
3. Sumene
4. Panutup

Menika wau menggah urutaning acara, sak lajengipun ngancik acara ingkang kaping kalih inggih menika atur pangandikan saking Bapak Kepala Sekolah. Katur Bapak Paryadi S.Pd wekdal lan papan kula aturaken.
Matur nuwun paringipun pangandikan Bapak Kepala Sekolah. Sak lajengipun wekdal kula aturaken Bapak Lurah Terban.
Ngancik acara sak lajengipun inggih menika wakil saking wali murid. Wekdal kula sumanggaaken.
Matur nuwun paringipun pangandikan. Sak lajengipun kula aturaken wekdal kangge perwakilan siswa kelas IX.
Matur nuwun pangandikanipun minangka wakil saking siswa kelas IX. Acara sak lajengipun inggih menika sumene sak wentawis kagem Bapak Ibu lan para tamu dipunaturi ngrahapi unjukan saha pendherekipun.

PANUTUP
Bapak Ibu lan para tamu ingkang kula hormati.
Acara pepanggihan ing dinten menika sampun paripurna, kula minangka pranata adicara nyuwun pangapunten mbok bilih wonten atur lan kiranging subasita ingkang mboten nujuprana dumateng Bapak Ibu sekalian. Matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar